Pangertosan iklan
Iklan nduweni paugeran, yaiku
- Iklan migunaake media masa kanggo masifikasi layang
- Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi
- Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
Ancase Pariwara
- Ukara cekak aos.
- Basa prasaja, gampang ditampa lan dingerteni.
- Tulisan lan gambare narik kawigaten.
Pariwara kabagi dadi 3
- Pariwara Audio : Pariwara kang disampekake kanti nganggo swara tuladhane iklan radio.
- Pariwara Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan utawa gambar kang bisa diamati kanti mripat tuladhane baliho.
- Pariwara Audio Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan/gambar uga swara kang bisa di rungoake lan di deleng tuladhane iklan TV.
Tuladha pariwara audio
• Tuladha pariwara ing radio
• iklan “Tolak Angin Komplit”
Bapak : “ aduh bune awakku kok padha pegel kabeh”I
bu : “punapa tho pakne?”
Bapak : “ora ngerti aku, apa jalarane rasane kok kaya masuk angin”
Ibu : “oalah bapakne masuk angin tho”
Bapak : “iya bu awit wingi bengi bali saka Semarang ngeterke barang dagangan”I
bu : “niku pakne mesthi supe ngunjuk obat”
Bapak : “iya bune, ben cepet mari diapakna ya, dipijeti wae piye bune?
Ibu : “oalah gampil yen soal pijet, niki tak dhamelke unjukan riyin, supados ical pegel-pegelipun”
Bapak : “apa iku bune?”
Ibu : “ niki lho pakne jamu TOLAK ANGIN KOMPLIT, obat herbal kangge masuk angin, mendhakake weteng kembung, weteng lara, nglegakake tenggorokan, njaga kasarasan awak sarta apik diunjuk nalika perjalanan, awak sayah lan kurang turu. Obat iki didhamel saka bahan alami kayata minyak adas, kayu ules, godhong cengkeh, meniran, jahe lan madu. Ayo pakne diunjuk saniki supados enggal waras.”
Bapak : “wah enak tenan bune, awak krasa seger buger kaya lebar dipijeti wae.”I
Tuladha pariwara audiovisual
- Gabungan antawis suara lan gambar, bisa dirungu lan bisa ditonton.
- Iklan ning TV
- Iklan ning youtube
Adhedhasar isine iklan kabagi dados
- klan sing nganggo dasar tujuan
- Iklan umum
- Iklan khusus
Iklan sing nganggo dasar tujuan
- Iklan Informatif
- Iklan persuasif
- Iklan reminder
Iklan umum
- Iklan Tanggung Jawab Sosial
- Iklan Bantahan
- Iklan Pembelaan
- Iklan Perbaikan
- Iklan Keluarga
Iklan khusus
- Iklan kang nganggo dasar media kang digunakake
- Iklan kang nganggo dasar tujuan iklan
- Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang
- Iklan kang nganggo dasar komunikatore
Iklan persuasif
Iklan persuasif nduweni paugeran,yaiku :
- Nduweni tujuan nyiptakna kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahingga konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
- Nganjurna khalayak milih merk tertentu.
- Nganjurna kalayak tuku.
- Ngubah persepsi konsumen.
- Mbujuk khalayak tuku saiki.
- Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon Printer PIXMA iP1200.
Tugas
- Golekana tuladaha pariwara audiovisual, ingkang kanthi dasar iklan persuasif
- Tugas dikirim email : titikkurniastuti@gmail.com