Senin, 16 Maret 2020

PRANATA CARA

Pangertosan Pranatacara

Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony ( MC ), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara

Pranatacara iku apa ta?
Inggih punika paraga/ tiyang/pawongan ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, ingkang bakunipun, ayahanipun inggih punika nglantaraken cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan upacara ingkang sampun rinantam.
Ingkang Perlu Digatosaken Pranatacara
Pranatacara iku kudu saged nguasai :
  • Wiraga
  • Wirasa
  • Wicara
  • wirama.
Apa meneh kang kudu digateake!

  1. Jejibahaning pranatacara lumrahe inggih prasaja.
  2. Kudu pinter-pinter ngaturaken acara satunggal baka satunggal menawi ing acara menapa kemawon.
Pranata cara kedah nguwasani, bab iki yen arep micara
  1. Swara
  2. Busana utawi ageman
  3. Subasita (Trapsila)
  4. Basa lan Sastra
Babagan Basa lan Sastra pranatacara Kudu Bisa

  • Laras : pranatacara saged ngrantam utawa mbabar titilaksana sing trep kaliyan swasana.
  • Leres : pranatacara saged nggunakna basa sing trep kaliyan parasastranipun
Patokan dados pranatacara
  1. Ing babagan basa, mugi kaginakaken basa ingkang trapsila, wijang prasaja ananging gampil katampi dening para tamu ( ingkang midangetaken ) sarta sekeca kapiarsa
  2. Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng.
  3. Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi permati, sarta kedah tanggap ing kawontenan.
  4. Mangertos asma-asma para paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun.
  5. Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara, supados nyamektakaken gendhing-gendhing ingkang jumbuh kaliyan lelampahaning adicara.
  6. Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan ( ketua panitia ) supados enggal mangertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara.
  7. Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh.
tugas
Tontonen tuladha adicara tedak siten ning kene
Adhedhasar adicara kasebut gawenen urut urutane adicara lan wacanen kayadene pranatacara kondhang
Dipun damel migunaake audio visual
Alamat kirim tugas   titikkurniastuti@gmai.com


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Iklan

P angertosan iklan Iklan yaiku kegiatan menehi informasi bab barang lan jasa sing migunaake media massa online utawa offline. Iklan ...